Jv/Rangsang Tuban (Hanacaraka)/Kaca 71
![](http://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/6/64/Rangsang_Tuban_kaca071.png/512px-Rangsang_Tuban_kaca071.png)
Alihaksara
[edit]/kaca 071/
n ; kiyamu bin napsihi ; iya iku jumeneng kalawan ḍawak ; wadoniyah suwiji, kudrat kang kuwasa ; iradat aran karsa, ngelmu kawruh kayat urip ; samak miyarsa, nasar wruh kalam angling ; wan kadiran kuwasa muridan karsa ; ngaliman kang unḍagi ; kayan ingkang gesang ; samingan kang miyarsa ; basiran iangkang ngawruhi ; munta kaliman, iyeku ingkang angling ; pikukuhing islam pan limang prakara ; sadat ingkang rumiyin, wa ashadu anna, la ilaha ilullah, wa ashadu anna nenggih ; nabi mohamad, iya rasulullahi ; satuhuné pan ora ; ana pangéran ; nanging allah sayekti ; pan satuhunira, kangjeng nabi mohamad ; utusaning mahasuci ; artining sahadad, ngandel marang hyang widḍi ; kaping kalih ashadu anna ilaha ; ilahana kang arti, satuhu