Jv/Al-Quran/Fushshilat
Fushshilat فصلت |
|
---|---|
Informasi | |
Arti | Diwijang - wijang |
golongan | Makiyyah |
Juz | Juz 24 |
Statistik | |
Jumlah ruku' | - ruku' |
Jumlah ayat | 54 ayat |
Surat Fushshilat punika surat ingkang kaping 41, anggadahi 54 ayat lan termasuk golongan surat makiyyah.
بِسْمِ ٱللَّهِ ٱلرَّحْمَـٰنِ ٱلرَّحِيمِ
حم ﴿١﴾ تَنزِيلٌ مِّنَ الرَّحْمَٰنِ الرَّحِيمِ ﴿٢﴾ كِتَابٌ فُصِّلَتْ آيَاتُهُ قُرْآنًا عَرَبِيًّا لِّقَوْمٍ يَعْلَمُونَ ﴿٣﴾ بَشِيرًا وَنَذِيرًا فَأَعْرَضَ أَكْثَرُهُمْ فَهُمْ لَا يَسْمَعُونَ ﴿٤﴾ وَقَالُوا قُلُوبُنَا فِي أَكِنَّةٍ مِّمَّا تَدْعُونَا إِلَيْهِ وَفِي آذَانِنَا وَقْرٌ وَمِن بَيْنِنَا وَبَيْنِكَ حِجَابٌ فَاعْمَلْ إِنَّنَا عَامِلُونَ ﴿٥﴾ قُلْ إِنَّمَا أَنَا بَشَرٌ مِّثْلُكُمْ يُوحَىٰ إِلَيَّ أَنَّمَا إِلَٰهُكُمْ إِلَٰهٌ وَاحِدٌ فَاسْتَقِيمُوا إِلَيْهِ وَاسْتَغْفِرُوهُ ۗ وَوَيْلٌ لِّلْمُشْرِكِينَ ﴿٦﴾ الَّذِينَ لَا يُؤْتُونَ الزَّكَاةَ وَهُم بِالْآخِرَةِ هُمْ كَافِرُونَ ﴿٧﴾ إِنَّ الَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ لَهُمْ أَجْرٌ غَيْرُ مَمْنُونٍ ﴿٨﴾ ۞ قُلْ أَئِنَّكُمْ لَتَكْفُرُونَ بِالَّذِي خَلَقَ الْأَرْضَ فِي يَوْمَيْنِ وَتَجْعَلُونَ لَهُ أَندَادًا ۚ ذَٰلِكَ رَبُّ الْعَالَمِينَ ﴿٩﴾ وَجَعَلَ فِيهَا رَوَاسِيَ مِن فَوْقِهَا وَبَارَكَ فِيهَا وَقَدَّرَ فِيهَا أَقْوَاتَهَا فِي أَرْبَعَةِ أَيَّامٍ سَوَاءً لِّلسَّائِلِينَ ﴿١٠﴾ ثُمَّ اسْتَوَىٰ إِلَى السَّمَاءِ وَهِيَ دُخَانٌ فَقَالَ لَهَا وَلِلْأَرْضِ ائْتِيَا طَوْعًا أَوْ كَرْهًا قَالَتَا أَتَيْنَا طَائِعِينَ ﴿١١﴾فَقَضَاهُنَّ سَبْعَ سَمَاوَاتٍ فِي يَوْمَيْنِ وَأَوْحَىٰ فِي كُلِّ سَمَاءٍ أَمْرَهَا ۚ وَزَيَّنَّا السَّمَاءَ الدُّنْيَا بِمَصَابِيحَ وَحِفْظًا ۚ ذَٰلِكَ تَقْدِيرُ الْعَزِيزِ الْعَلِيمِ ﴿١٢﴾ فَإِنْ أَعْرَضُوا فَقُلْ أَنذَرْتُكُمْ صَاعِقَةً مِّثْلَ صَاعِقَةِ عَادٍ وَثَمُودَ ﴿١٣﴾ إِذْ جَاءَتْهُمُ الرُّسُلُ مِن بَيْنِ أَيْدِيهِمْ وَمِنْ خَلْفِهِمْ أَلَّا تَعْبُدُوا إِلَّا اللَّهَ ۖ قَالُوا لَوْ شَاءَ رَبُّنَا لَأَنزَلَ مَلَائِكَةً فَإِنَّا بِمَا أُرْسِلْتُم بِهِ كَافِرُونَ ﴿١٤﴾ فَأَمَّا عَادٌ فَاسْتَكْبَرُوا فِي الْأَرْضِ بِغَيْرِ الْحَقِّ وَقَالُوا مَنْ أَشَدُّ مِنَّا قُوَّةً ۖ أَوَلَمْ يَرَوْا أَنَّ اللَّهَ الَّذِي خَلَقَهُمْ هُوَ أَشَدُّ مِنْهُمْ قُوَّةً ۖ وَكَانُوا بِآيَاتِنَا يَجْحَدُونَ ﴿١٥﴾ فَأَرْسَلْنَا عَلَيْهِمْ رِيحًا صَرْصَرًا فِي أَيَّامٍ نَّحِسَاتٍ لِّنُذِيقَهُمْ عَذَابَ الْخِزْيِ فِي الْحَيَاةِ الدُّنْيَا ۖ وَلَعَذَابُ الْآخِرَةِ أَخْزَىٰ ۖ وَهُمْ لَا يُنصَرُونَ ﴿١٦﴾ وَأَمَّا ثَمُودُ فَهَدَيْنَاهُمْ فَاسْتَحَبُّوا الْعَمَىٰ عَلَى الْهُدَىٰ فَأَخَذَتْهُمْ صَاعِقَةُ الْعَذَابِ الْهُونِ بِمَا كَانُوا يَكْسِبُونَ ﴿١٧﴾ وَنَجَّيْنَا الَّذِينَ آمَنُوا وَكَانُوا يَتَّقُونَ ﴿١٨﴾ وَيَوْمَ يُحْشَرُ أَعْدَاءُ اللَّهِ إِلَى النَّارِ فَهُمْ يُوزَعُونَ ﴿١٩﴾ حَتَّىٰ إِذَا مَا جَاءُوهَا شَهِدَ عَلَيْهِمْ سَمْعُهُمْ وَأَبْصَارُهُمْ وَجُلُودُهُم بِمَا كَانُوا يَعْمَلُونَ ﴿٢٠﴾وَقَالُوا لِجُلُودِهِمْ لِمَ شَهِدتُّمْ عَلَيْنَا ۖ قَالُوا أَنطَقَنَا اللَّهُ الَّذِي أَنطَقَ كُلَّ شَيْءٍ وَهُوَ خَلَقَكُمْ أَوَّلَ مَرَّةٍ وَإِلَيْهِ تُرْجَعُونَ ﴿٢١﴾ وَمَا كُنتُمْ تَسْتَتِرُونَ أَن يَشْهَدَ عَلَيْكُمْ سَمْعُكُمْ وَلَا أَبْصَارُكُمْ وَلَا جُلُودُكُمْ وَلَٰكِن ظَنَنتُمْ أَنَّ اللَّهَ لَا يَعْلَمُ كَثِيرًا مِّمَّا تَعْمَلُونَ ﴿٢٢﴾ وَذَٰلِكُمْ ظَنُّكُمُ الَّذِي ظَنَنتُم بِرَبِّكُمْ أَرْدَاكُمْ فَأَصْبَحْتُم مِّنَ الْخَاسِرِينَ ﴿٢٣﴾ فَإِن يَصْبِرُوا فَالنَّارُ مَثْوًى لَّهُمْ ۖ وَإِن يَسْتَعْتِبُوا فَمَا هُم مِّنَ الْمُعْتَبِينَ ﴿٢٤﴾ ۞ وَقَيَّضْنَا لَهُمْ قُرَنَاءَ فَزَيَّنُوا لَهُم مَّا بَيْنَ أَيْدِيهِمْ وَمَا خَلْفَهُمْ وَحَقَّ عَلَيْهِمُ الْقَوْلُ فِي أُمَمٍ قَدْ خَلَتْ مِن قَبْلِهِم مِّنَ الْجِنِّ وَالْإِنسِ ۖ إِنَّهُمْ كَانُوا خَاسِرِينَ ﴿٢٥﴾ وَقَالَ الَّذِينَ كَفَرُوا لَا تَسْمَعُوا لِهَٰذَا الْقُرْآنِ وَالْغَوْا فِيهِ لَعَلَّكُمْ تَغْلِبُونَ ﴿٢٦﴾ فَلَنُذِيقَنَّ الَّذِينَ كَفَرُوا عَذَابًا شَدِيدًا وَلَنَجْزِيَنَّهُمْ أَسْوَأَ الَّذِي كَانُوا يَعْمَلُونَ ﴿٢٧﴾ ذَٰلِكَ جَزَاءُ أَعْدَاءِ اللَّهِ النَّارُ ۖ لَهُمْ فِيهَا دَارُ الْخُلْدِ ۖ جَزَاءً بِمَا كَانُوا بِآيَاتِنَا يَجْحَدُونَ ﴿٢٨﴾ وَقَالَ الَّذِينَ كَفَرُوا رَبَّنَا أَرِنَا اللَّذَيْنِ أَضَلَّانَا مِنَ الْجِنِّ وَالْإِنسِ نَجْعَلْهُمَا تَحْتَ أَقْدَامِنَا لِيَكُونَا مِنَ الْأَسْفَلِينَ ﴿٢٩﴾إِنَّ الَّذِينَ قَالُوا رَبُّنَا اللَّهُ ثُمَّ اسْتَقَامُوا تَتَنَزَّلُ عَلَيْهِمُ الْمَلَائِكَةُ أَلَّا تَخَافُوا وَلَا تَحْزَنُوا وَأَبْشِرُوا بِالْجَنَّةِ الَّتِي كُنتُمْ تُوعَدُونَ ﴿٣٠﴾ نَحْنُ أَوْلِيَاؤُكُمْ فِي الْحَيَاةِ الدُّنْيَا وَفِي الْآخِرَةِ ۖ وَلَكُمْ فِيهَا مَا تَشْتَهِي أَنفُسُكُمْ وَلَكُمْ فِيهَا مَا تَدَّعُونَ ﴿٣١﴾ نُزُلًا مِّنْ غَفُورٍ رَّحِيمٍ ﴿٣٢﴾ وَمَنْ أَحْسَنُ قَوْلًا مِّمَّن دَعَا إِلَى اللَّهِ وَعَمِلَ صَالِحًا وَقَالَ إِنَّنِي مِنَ الْمُسْلِمِينَ ﴿٣٣﴾ وَلَا تَسْتَوِي الْحَسَنَةُ وَلَا السَّيِّئَةُ ۚ ادْفَعْ بِالَّتِي هِيَ أَحْسَنُ فَإِذَا الَّذِي بَيْنَكَ وَبَيْنَهُ عَدَاوَةٌ كَأَنَّهُ وَلِيٌّ حَمِيمٌ ﴿٣٤﴾ وَمَا يُلَقَّاهَا إِلَّا الَّذِينَ صَبَرُوا وَمَا يُلَقَّاهَا إِلَّا ذُو حَظٍّ عَظِيمٍ ﴿٣٥﴾ وَإِمَّا يَنزَغَنَّكَ مِنَ الشَّيْطَانِ نَزْغٌ فَاسْتَعِذْ بِاللَّهِ ۖ إِنَّهُ هُوَ السَّمِيعُ الْعَلِيمُ ﴿٣٦﴾ وَمِنْ آيَاتِهِ اللَّيْلُ وَالنَّهَارُ وَالشَّمْسُ وَالْقَمَرُ ۚ لَا تَسْجُدُوا لِلشَّمْسِ وَلَا لِلْقَمَرِ وَاسْجُدُوا لِلَّهِ الَّذِي خَلَقَهُنَّ إِن كُنتُمْ إِيَّاهُ تَعْبُدُونَ ﴿٣٧﴾ فَإِنِ اسْتَكْبَرُوا فَالَّذِينَ عِندَ رَبِّكَ يُسَبِّحُونَ لَهُ بِاللَّيْلِ وَالنَّهَارِ وَهُمْ لَا يَسْأَمُونَ ۩ ﴿٣٨﴾وَمِنْ آيَاتِهِ أَنَّكَ تَرَى الْأَرْضَ خَاشِعَةً فَإِذَا أَنزَلْنَا عَلَيْهَا الْمَاءَ اهْتَزَّتْ وَرَبَتْ ۚ إِنَّ الَّذِي أَحْيَاهَا لَمُحْيِي الْمَوْتَىٰ ۚ إِنَّهُ عَلَىٰ كُلِّ شَيْءٍ قَدِيرٌ ﴿٣٩﴾ إِنَّ الَّذِينَ يُلْحِدُونَ فِي آيَاتِنَا لَا يَخْفَوْنَ عَلَيْنَا ۗ أَفَمَن يُلْقَىٰ فِي النَّارِ خَيْرٌ أَم مَّن يَأْتِي آمِنًا يَوْمَ الْقِيَامَةِ ۚ اعْمَلُوا مَا شِئْتُمْ ۖ إِنَّهُ بِمَا تَعْمَلُونَ بَصِيرٌ ﴿٤٠﴾ إِنَّ الَّذِينَ كَفَرُوا بِالذِّكْرِ لَمَّا جَاءَهُمْ ۖ وَإِنَّهُ لَكِتَابٌ عَزِيزٌ ﴿٤١﴾ لَّا يَأْتِيهِ الْبَاطِلُ مِن بَيْنِ يَدَيْهِ وَلَا مِنْ خَلْفِهِ ۖ تَنزِيلٌ مِّنْ حَكِيمٍ حَمِيدٍ ﴿٤٢﴾ مَّا يُقَالُ لَكَ إِلَّا مَا قَدْ قِيلَ لِلرُّسُلِ مِن قَبْلِكَ ۚ إِنَّ رَبَّكَ لَذُو مَغْفِرَةٍ وَذُو عِقَابٍ أَلِيمٍ ﴿٤٣﴾ وَلَوْ جَعَلْنَاهُ قُرْآنًا أَعْجَمِيًّا لَّقَالُوا لَوْلَا فُصِّلَتْ آيَاتُهُ ۖ أَأَعْجَمِيٌّ وَعَرَبِيٌّ ۗ قُلْ هُوَ لِلَّذِينَ آمَنُوا هُدًى وَشِفَاءٌ ۖ وَالَّذِينَ لَا يُؤْمِنُونَ فِي آذَانِهِمْ وَقْرٌ وَهُوَ عَلَيْهِمْ عَمًى ۚ أُولَٰئِكَ يُنَادَوْنَ مِن مَّكَانٍ بَعِيدٍ ﴿٤٤﴾ وَلَقَدْ آتَيْنَا مُوسَى الْكِتَابَ فَاخْتُلِفَ فِيهِ ۗ وَلَوْلَا كَلِمَةٌ سَبَقَتْ مِن رَّبِّكَ لَقُضِيَ بَيْنَهُمْ ۚ وَإِنَّهُمْ لَفِي شَكٍّ مِّنْهُ مُرِيبٍ ﴿٤٥﴾ مَّنْ عَمِلَ صَالِحًا فَلِنَفْسِهِ ۖ وَمَنْ أَسَاءَ فَعَلَيْهَا ۗ وَمَا رَبُّكَ بِظَلَّامٍ لِّلْعَبِيدِ ﴿٤٦﴾۞ إِلَيْهِ يُرَدُّ عِلْمُ السَّاعَةِ ۚ وَمَا تَخْرُجُ مِن ثَمَرَاتٍ مِّنْ أَكْمَامِهَا وَمَا تَحْمِلُ مِنْ أُنثَىٰ وَلَا تَضَعُ إِلَّا بِعِلْمِهِ ۚ وَيَوْمَ يُنَادِيهِمْ أَيْنَ شُرَكَائِي قَالُوا آذَنَّاكَ مَا مِنَّا مِن شَهِيدٍ ﴿٤٧﴾ وَضَلَّ عَنْهُم مَّا كَانُوا يَدْعُونَ مِن قَبْلُ ۖ وَظَنُّوا مَا لَهُم مِّن مَّحِيصٍ ﴿٤٨﴾ لَّا يَسْأَمُ الْإِنسَانُ مِن دُعَاءِ الْخَيْرِ وَإِن مَّسَّهُ الشَّرُّ فَيَئُوسٌ قَنُوطٌ ﴿٤٩﴾ وَلَئِنْ أَذَقْنَاهُ رَحْمَةً مِّنَّا مِن بَعْدِ ضَرَّاءَ مَسَّتْهُ لَيَقُولَنَّ هَٰذَا لِي وَمَا أَظُنُّ السَّاعَةَ قَائِمَةً وَلَئِن رُّجِعْتُ إِلَىٰ رَبِّي إِنَّ لِي عِندَهُ لَلْحُسْنَىٰ ۚ فَلَنُنَبِّئَنَّ الَّذِينَ كَفَرُوا بِمَا عَمِلُوا وَلَنُذِيقَنَّهُم مِّنْ عَذَابٍ غَلِيظٍ ﴿٥٠﴾ وَإِذَا أَنْعَمْنَا عَلَى الْإِنسَانِ أَعْرَضَ وَنَأَىٰ بِجَانِبِهِ وَإِذَا مَسَّهُ الشَّرُّ فَذُو دُعَاءٍ عَرِيضٍ ﴿٥١﴾ قُلْ أَرَأَيْتُمْ إِن كَانَ مِنْ عِندِ اللَّهِ ثُمَّ كَفَرْتُم بِهِ مَنْ أَضَلُّ مِمَّنْ هُوَ فِي شِقَاقٍ بَعِيدٍ ﴿٥٢﴾ سَنُرِيهِمْ آيَاتِنَا فِي الْآفَاقِ وَفِي أَنفُسِهِمْ حَتَّىٰ يَتَبَيَّنَ لَهُمْ أَنَّهُ الْحَقُّ ۗ أَوَلَمْ يَكْفِ بِرَبِّكَ أَنَّهُ عَلَىٰ كُلِّ شَيْءٍ شَهِيدٌ ﴿٥٣﴾ أَلَا إِنَّهُمْ فِي مِرْيَةٍ مِّن لِّقَاءِ رَبِّهِمْ ۗ أَلَا إِنَّهُ بِكُلِّ شَيْءٍ مُّحِيطٌ ﴿٥٤﴾
Alih aksara
[edit]Jarwanipun
[edit]- Haa miiim.
- Al-Quran iki diturunake saka ngarsane Allah kang Maha murah tur Maha Asih.
- Al-Quran iki nganggo tembung Arab, hiya iku kitab kang ayate diwijang - wijang tumrap wong kang padha weruh.
- Surasane al-Quran hambungahake marang wong kang bekti serta ngelingake wong kang duraka. Wong kafir kang akeh padha malengos, mulane padha ora ketaman surasane al-Quran.
- Wong kafir padha matur, "Ing manah kula wonten tutupipun tumrap puyambak ingkang dipun dhawuhaken dhateng kula punika sarta kupng kula punika awerat. Mekaten malih antawisipun kita punika wonten haling - haling. Mila prayoginipun sampyan nglampahana pandamel piyambak, kulaugi nglampahi pandamel piyambak".
- (Muhammad) sira dhawuha, "Satemene aku iki manugsa padha bae karo kowe, nanging aku diparingi wahyu dening Allah, mratelakake yen pangeranmu mung siji mulane kowe padha madhepa ing Allah, lan nyuwuna pangapurane. Cilaka banget mangro-tingal mau".
- Kang padha ora gelem bayar zakat, sarta maido bakal anane dina Qiyamat.
- Dene sapa wonge percaya ing Allah sarta padha ngelakoni panggawe becik padha diparingi ganjaran kang langgeng tanpa pedhot.
- (Muhammad) dhawuha, "Apa kowe maido ing Allah kang wis gawe bumi iki mung rong mongsa wae rampung. Kowe padha ngedegake brahala kok anggo timbangane Allah. Dene Allah iku Pangerane alam kabeh".
- Allah andokokake gunung pirang - pirang ana ing dhuwuring bumi, lan ambarkahi bumi, diakehake banyune, kewane lan thetukulane, ngedum wulu pametuning bumi marang manungsa lan hewan tekan ganepe 4 mangsa. Wangsulan iki padha wae tumrap wong kang padha takon (kadadeyane bumi).
- Allah banjur yasa langit, kang dianggo kukusing banyu, bareng wis dadi, Allah dhawuh marang bumi langit, "Sira padha ngelakonono kang Ingsun parentahake kelawan miturut utawa peksan". Padha munjuk ing Allah, "Kula sendika ngelampahi kaliyan miturut".
- "Langit banjur digawe sap pitu ing dalem wong mongso rampung." Allah paring wahyu siji - sijining langit mau, para malaikat kang manggon ing kono padha ngabekti ing Allah. (Pangandikaning Allah), "Ingsun ngrenggo langit kelawan lintang pirang - pirang lan ngreksa, mangkono mau pepesthening Allah kang Maha Mulya tur nguningani samu barang".
- Sawise diterangake mangkene manawa wong kafir (Makkah) padha malengos banjur dhawuha, "Kowe padha wediya siksaning Allah kang padha numpes wong 'Aad lan Tsamud".
- Nalika katekan para Rasul saka ngarep lan buri dhawuhe, "Kowe aja nyembah apa - apa, kejaba Allah". Padha mangsuli, "Menawi makaten punika yektos parentahing Pangeran kula Allah tentu ngutus malaikat, sampyan ngaken utusaning Allah punika kula sami mahiben".
- Wong 'Aad padha gumedhe ana bumi padha nglakoni ora bener. Pangucape, "Sapata kang gagah prakosane ngungkuli aku?". Dheweke ora padha handeleng yen Allah kang gawe awake mesthi Allah gagah prakosane ngungkuli tikel akeh, wong 'Aad mau bakal ora oleh pitulung.
- Wong 'Aad banjur Ingsun tempuh ing angin kang adhem hanjekut, ing dina kang sangar supaya ngincipana siksa kang ngremehake ana ing donya. Dene siksane besuk ing akherat luwih abot maneh bakal ora oleh pitulung sapa - sapa.
- Dene wong Tsamud, Ingsun paringi pituduh bener, nanging padha milih kafir nampik pituduh bener. Mulane banjur dipulung dening siksa kang ngremehake, marga saka lakune dhewe.
- Para mukmin padha Ingsun paringi slamet dhewe lan pada bekti ing Allah.
- Sira nyeritakna Qiyamat nalika para saterune Allah padha digiring marang neraka, wong kafir mau padha digelandhang.
- Bareng wis tekan pinggir neraka, pangrungune lan pandhelenge, kulite, padha melehake anggone nglakoni dosa nalika ing donya.
- Wong kafir padha takon marang kulite, "Ya gene kowe padha milih dadi saksi anggonku nglakoni dosa?". Kulite padha mangsuli, "Allah kang gawe samu awak kuasa ngucapake samu barang uga kang gawe awakmu kuasa ngucapake samu barang. Allah iku kang gawe awakmu, kang kawitan biyen saiki kowe padha bali marang ngarsane Allah".
- Sira kabeh ora nutupi anggonira nglakoni panggawe hala mesthi disekseni dening Pangeranira pandelengira lan kulitira, nanging sira duwe panyana yen Allah ora nguningani sampurna marang samu barang kang sira lakoni.
- Mangkono lugune panyananira ngira marang Pangeran dadekake kasusahanira, mulane sira dadi kapitunan.
- Manawa wong kafir wis narima panggonane ing neraka, dene yen nyuwun pangapura ora oleh pangapura.
- Ingsun nyadiani konco pirang - pirang padha anggodha wong kafir. Dheweke mau banjur anggodha ngiming - imingi kabungahan kang ana ngarepe lan burine. Allah bakal nyiksa wong kafir mesthi nyata. Dheweke kalebu golongane ummat kuna, jin lan manungsa kang wis padha rusak kelawan siksa biyen, saktemene dheweke padha kapitunan.
- Wong kafir padha ngucap, "Aja padha anggugu unine al-Quran padhakna unine wong biasa wae, supaya kowe padha menang".
- Para wong kafir bakal Ingsun weruhake rasane siksa kang abot, lan Ingsun patrapi patrapaning kaluputankang wis padha dilakoni kang hala dhewe.
- Kang mangkono wewales marang para satruning Allah kabeh padha dicemplungake neraka hiya iku panggonan siksa kang langgeng, tumanja wewales anggone maido ayatingsun.
- Para kafir padha munjuk ing Allah, "Pangeran kula, kawula mugi panjenengan sumerapaken Jin lan manungsa ingkang sami hanjlomprongaken kawula rumiyen, badhe kula enciki wonten sangadhepe suku kawula wonten neraka mriki, supados dados tiyang asor nandhang siksa langkung awerat".
- Sarupane wong mukmin kang padha ngucap, "Pangeranku Allah", sarta setiya tuhu anggone netepi kuwajibane. Wong mangkono mau bakal diweruhi Malaikat kanthi dhawuh, "Sampiyan sampun ajrih, sampn sedhih (nilar karemenan wonten donya). Sampyan bingah badhe mlebet suarga ingkang sampun dipun prasetyaaken dening Allah".
- Kula mitra sampyan wiwit wonten donya lestantun ing akherat. Wonten akherat badhe kadumugen samu kawis ingkang sampyan pengini sarta samukawis ingkang sampeyan kersakaken (mesthi boten kuciwa).
- Sadaya punika paparingipun Pangeran ingkang sifat ngapura tur Maha Asih.
- Ora ana wong kang luwih becik pangucape ngungkuli wong kang celuk - celuk nyembah ing Allah, sarta ngelakoni panggawe becik. Pangucape, "Aku hewone wong Islam".
- Hala lan becik ora padha mesthi ana andha usuke. Sira nampika barang kang hala miliha kang luwih becik. Nanging terkadang ana satrunira iku banget kaya sedulur sinarawedi.
- Ora ana wong bisa nampik barang kang hala milih kang luwih becik, kajaba wong kang padha shabar tetek atine, lan ora ana bisa mangkono mau kajaba wong kang duwe pulung munggahing suwarga kang agung.
- Manawa syetan ing sira ngajak ngelerokake pitutur murih nampik kang becik sira nyuwuna pangayoman lan nyuwuna pitulungane Allah.
- Rina lan wengi, apadene srengenge lan rembulan iku kalebu ayat tandha - tandhane panguasane Allah. Sira aja padha sujud marang srengenge utawa rembulan, nanging padha sujuda ing Allah kang gawe srengenge lan rembulan mau. Manawa sira mligi nyembah marang panjenengane dhewe.
- Manawa manungsa padha gumedhe (ora gelem sujud ing Allah) ora dadi apa, awit para malaikat kang ana ngarsaning Allah pangeranira, padha nyebut Maha Suci ing Allah wayah rina wengi tanpa kendhat.
- Lan ana maneh kang kalebu ayating Allah, hiya iku sira handeleng bumi kang garing, bareng Ingsun turuni banyu udan banjur obah lan subur. Pangeran kang wis nguripake bumi mangkono mau mesthi kuasa nguripake wong kang wis padha mati. Satemene Allah iku nguasani samu barang.
- Sarupane wong kang padha maido ayatingsun, ora pisan kasamaran mesthi Ingsun wales sapatute. Wong kang dicemplungake ing neraka, becik endi karo wong kang slamet besuk Qiyamat. Sarehne wis Ingsun terangake mulane manungsa padha nglakonana sakarepe. Satemene Allah iku miyarsani samu barang kang padha sira lakoni.
- Sarupane wong kang katekan al-Quran banjur maido, bakal langsung patrapi siksa. Awit iku kitab kang mulya.
- Durung tahu ana kitab kang memeca anggorohake al-Quran saka buri (sak durunge) utawa saka ngarep (sak wise) al-Quran iki tinurunake saka ngarsaning Pangeran kang wicaksana, pantes pinuji.
- (Muhammad) Samu barang kang tinakokake marang sira mesthi wis tahu ditakokake marang para Rasul sadurunge. Saemene Allah Pangeranira iku ngapura kaluputane para wong mukmin, lan niksa wong kafir kelawan siksa kang nglarani.
- Upama al-Quran iki Ingsun gawe tembung 'ajam (dudu tembung Arab) wong kafri mesthi celathu, "Ya gene al-Quran iku teka ora diterangake tembunge, Ya gene nabi Arab teka anggelarake al-Quran dudu tembung Arab". (Muhammad) sira dhawuha, "al-QUran iku tumrap wong mukmin pituduh kang bener lan dadi tambaning lara. Wong kang ora ngandle al-Qiran kupinge abot (bunthet wonten sumbatane). Al-Quran tumrap wong kafir prasasat pepeteng, koyo diundang saka panggonan kang adoh ora krungu lan ora weruh".
- Ingsun temen wis paring Kitab Taurat marang Musa para ummate banjur padha sulaya ana kang ngandle lan maido ora beda al-Quran iki. Upama aja ana pangandikaning Allah Pangeranira kang surasane Allah bakal anyaritakake siksa. Wong Bani Israil mesthi wis dirampungi perkarane ana donya. Satemene wong Bani Israi padha mamang sumelang marang kitab Taurat.
- Sapa ngelakoni panggawe becik ganjarane bakal ditampani dhewe, dene sing sapa ngelakoni apnggawe hala, patrapane hiya bakal disonggo dhewe. Allah Pangeranira ora pisan nganiaya marang kawulane.
- Kaweruh bakal kelakone dina Qiyamat disumanggakake ing Allah, mangkono maneh paparinging woh - wohan saka ing kembange lan enggal lawase wenangane wong wadon apa dene dina lahiring bayi, iku kabeh Allah musthi nguningani. Besuk Qiyamat Allah ndangu marang wong mangro tingal, "Hendi rupane brahala kang jarene dadi titimbanganmu?" padha mangsuli, "Kawula sadaya mboten sami mestani bilih Paduka punika wonten ingkan nimbangi".
- Sarupane brahala kang padha disembah dening wong kafir biyen padha ora ana ing kono, wong kafir padha rumongso ora ana maneh dalan metu.
- Para manungsa tansah nyuwun kabegjan menawa kambuh ing reribed, banjur sirna pangarep - arepe marang asihe Allah.
- Manungsa iku manawa mentas nandhang sangsara banjur Ingsun paringi weruh rasaning kabegjan banjur padha ngucap iki wis benere duwekku. Aku ora ngandel yen dina Qiyamat bakal kelakon, manawa aku dihimpun marang ngarsane mesthi mung becik. (Pangandikaning Allah) Para wong kafir bakal Ingsun weleh - welehake anggone padha nglakoni hala ana ing donya, lan bakal Ingsun paringi weruh rasaning siksa kang abot.
- Nalika Ingsun paring kabungahan marang manungsa, ora gedhe panarimane, malah ora syukur mung gumedhe. Kabungahan mau diaku duweke dhewe. Dene manawa kambuh reribed banjur nyenyuwun ing Allah kelawan akeh - akeh.
- (Muhammad) dhawuha, "Padha pikiren manawa al-Quran iku temen terang saka ngarsane ALlah kangmongka kowe padha maido al-Quran, "Sapa kang luwih kesasar tinimbang kowe? Awit kalebu nyulayani banget marang bener"".
- Ingsun bakal nuntunake marang wong kafir, ayatingsun pirang - pirang kang ana salumahing bumi lan kang ana ing awake dhewe nganti terang gamblang yen al-Quran temen saka Allah. Mungguh Pangeranira anggone mirsani samu barang iku wae apa ora wis cukup kanggo tondho.
- Wong kafir banget anggone mamang yen ing tembe bakal disowanake ana ngarsane Allah Pangerane. Kaweruhing Allah nglimputi samubarang.[2]
Footnote
[edit]- ↑ Tanzil.info
- ↑ Kajarwakaken kanthi midhangetaken Tafsir Al-Quran Suci Basa Jawi anggitanipun Profesor K.H.R Muhammad Adnan.
Pranala Jaba
[edit]